WEDHATAMA
Buku Wedhatama kuwi wujude tembang. Tembange manekawarna. Ana tembange Pangkur mangkene:
1. Mangkono ngelmu kang nyata, sanyatane mung weh reseping ati, bungah ingaranan cubluk, sukeng tyas yen denina, nora kaya Si Punggung anggung gumunggung, ugungan sadina dina, aja mangkono wong urip.
Tegese, ngelmu kang sajati kuwi mung menehi seneng ing ati. Diarani bodho ya bungah. Yen dienyek ya malah seneng. Ora kaya Si Bodho tansah umuk. Sadina dinane aleman bae. Wong urip aja mangkono kuwi.
Saiki tembang Sinom:
2. Bonggan kang tan merlokena, mungguh ugering ngaurip, uripe lan triprakara, wirya arta tri winasis, kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking, temah papa pepariman ngulandara.
Salahe dhewe yen wong ora mrelokake pathoking wong urip. Urip nganggo telung bab: watak becik, kasugihan, lan kapinteran. Yen telu telune kuwi ora duwe, entek entekaning wong. Karo godhong jati garing bae isih aji godhong jati garing kuwi. Wusana uripe sangsara, ngemis ngemis, dadi glandangan.
Ganti saiki Pocung:
3. Ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara.
Ngelmu kuwi bisane klakon kudu dilakoni nganggo prihatin. Diwiwiti kanthi kas, yakuwi nganggo bebuden kang teguh lan setya ngasorake watak kang ala.
Ngisor iki tembunge Gambuh:
4. Wong seger badanipun, otot daging kulit balung sungsum, tumrah ing rah memarah antenging ati, antenging ati nenungku, angruwat ruweding batos.
Wong sing waras awake: otot;daging;kulit;balung;sungsum;nganti tekan getige uga waras. Waras mangkono kuwi gawe antenging ati. Antenging ati bisa semedi, kanggo dhasar ngilangi ruweding batin.
Kang nganggo tembang Kinanthi, iki tuladane:
5. Mangka kanthining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, dadi wiryaning dumadi, supadi nir ing sangsaya, yeku pangreksaning urip.
Srana kanggo salawase wong urip yakuwi: awas lane ling. Eling marang kaanan gegambaring alam. Yen bisa mangkono uripe bisa becik, ora bakal sangsara, amarga bisa njaga uripe.
Katrangan:
a. Wedhatama = piwulang becik;
b. cublik = bodho,punggung,pinging,dama,mudha;
c. anggung = tansah,sanityasa,manggung;
d. bonggan = salahe dhewe;
e. aking = garing;
f. pepariman = pepriman,ngemis;
g. dur = ala;
h. tumrah = tumerah,tumurun,tekan,lingga trah+seselan um;
i. nenungku = semedi,memuji,ndhasari;
j. angruwat = angilangi,amberat;
k. tumuwuh = dumadi,urip;
l. lukita = lagu,tulisan,gambar;
m. supadi = supados,supaya.
Disadur dari tulisan : R.Sudi Yatmana