Buku anggitane ISKS PB IV ( 1788-1820, jumeneng nata ) iki tau dari pakem paugeraning urip tumrap wong Surakarta nalika jamane. Jenenge wis ngarani Wulangreh tegese bab wulang. Uga karan Brataputra ( laku utawa wulang tumrap para putra ). Buku iki awujud tembang. Tembang macapat lan tembang tengahan. Tembange warna warna pepak.
Ing kene mung dakcuplikake kang sinawung ing tembang Kinanthi bae. Ana kang uniran mangkene:
1. Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
Aja pijer mangan nendra,
Kaprawiran denkaesthi,
Pesunen sariranira,
Sudanen dhahar lang guling.
Tembang kuwi mengku karep: Padha kulinakna atimu supaya pinter nampa sasmita ( tandha,wahyu). Aja mung mangan turu bae. Ngudio budi luhur. Kunakna awakmu, ngurangi mangan lan turu.
2. Dadia lakunireku,
Cegah dhahar lawan guling,
lan aja asuka suka,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
Dadia prihatinmu, ngurangi mangan lan turu. Lan aja mung seneng seneng bae. Nanging nganggoa sawatara ( aja banget banget ). Watake wong seneng seneng kuwi ora becik, yakuwi ngurangi pangati ati ( marakake sembrana ).
3. Yen wis tinitah wong agung,
Aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ngajak ajak,
satemah anenulari.
Yen wis dadi wong gedhe, aja banjur gumedhe. Aja cedhak wong ala tumindake. Ora wurung ngajak ala lan wekasane nulari ala.
4. Nadyan asor wijilipun,
Yen kalakune becik,
Utawa sugih carita,
Carita kang dadi misil,
Itu pantes raketana,
Darapon mundhak kang budi.
Sanadyan turune wong cilik, yen kalakune becik, utawa sing critane migunani, kuwi pantes kokcedhaki; supaya budimu tambah becik.
5. Panggawe becik puniku,
gampang yen wis denlakoni,
angel yen during kalakyan,
aras arisen nglakoni,
tur ikut denlakonana,
mumpangati badaneki.
Panggawe becik kuwi gampang yen wis dilakoni. Pancen angel yen during ditindakake. Arep nindakake aras arisen, wegah. Dene yen dilakoni, nyatane migunani kanggo awake dhewe.
Katrangan :
a. sinawung = dibopong,kaiket,digawa
b. gulangen = kulinakna,udinen
c. sasmita = tandha peparinge Allah
d. nendra = guling,turu
e. pesunen = udinen,kulinakna
f. lakunireku = laku + nira + iku = lakumu kuwi
g. prayitna = ngati ati, waspada
h. wijil = wetu,lair,turun
i. misil = asil,kasil,guna
j. darapon = supaya
k. kalakyan = ( basa pacakan ) basane lumrah kalakon utama klakon, dilakoni
l. mumpangati = migunani
Disadur dari tulisan : R.Sudi Yatmana
Terjemah Lyric : Tommorow-Europe
-
Will you be there beside me Akankah kau disana, disisiku If the world falls
apart Jika semua dunia hancur berkeping-keping And will all of out…
The post ...
3 tahun yang lalu