Nguri uri budaya Jawa kang adiluhung

Aja sira age-age nandangi pakaryan gede,utawa ngarep-arep tekane pakaryan gede,amarga pakaryan gede iku arang tekane,kang kerep sira sandung iku pakaryan kang cilik-cilik.Sira aja ngremehake marang pakaryan kang cilik-cilik iku,sabab yen sira durung kulina nandangi pakaryan kang gampang,kapriye anggonira bakal nandangi pakaryan kang angel.Mulane samubarang kang tinemu ing tanganira,lakonana kalawan temen-temen ing ati suci,atasna awit Karsaning Gusti,amarga ora ana pakaryan ing donya iki kang ora atas Karsaning Pangeran,nadyan kang katone remeh pisan.

Jumat, Februari 20, 2009